CUPUMANIK ASTAGINA
Kacarita ing pertapan Gunung Sukendra, kang dipimpin Resi
Gotama kang urip karo keluargane. Resi Gotama keturunane Bathara Ismaya, putra
Prabu Heriya saka Mahespati, Resi Gotama dhuweni sedulur Prabu Kartawirya sik
mbesuke nurunake Prabu Arjunasasrabahu. Amarga pangabdiane marang Dewata Resi
Gotama diweni widadari kayangan aran dewi windradi. Seko asil perkawinane mau
diwenehi widadari Kayangan aran Dewi Windradi. Seko asil perkawinane mau
diwenehi putro 3 yaiku Dewi Anjani, Guwarso lan Guwarsi.
Taun ganti taun Dewi Windradi rumangsa kasepen amargo
ndhuweni bojo Brahmana tua, akhire kagoda asmarane Bathara Surya. Kedhadhehan
hubungan asmara rahasia sing kesimpen rapet nganti tetahunan sing ra dimengerti
dening Resi Gotama , opo meneh dening ketelu putrone sing wis dewasa .
Amarga kesalahan cilik sik ditindakake dening Dewi
Anjani, asmara sing cukup sue sing kesimpen rapet kuwi mau kebongkar lan nggowo
bab elek kanggo keluarga Resi Gotama.
Amarga rasa cintane gede marang Dewi Anjani, Dewi
Windradi nyepelekake pesene Bathara Surya ngenehke pusaka kadewata cupamanik
astagina marang banjani. Kamangka wektu ngenehke pustaka Cupumanik Astagina
marang Dewi Anjani. Kamangka wektu ngenehke Cupumanik Astagina marang Dewi
Windradi, Bathara Surya wanti –wanti aja pisan –pisan barang kadewataan iku
didhudhuhke opo meneh diwenehake wong liyo, arepo kuwi putrane dewe. Umpama
pesen kuwi dilanggar , kedhadehan sing ra dikarepake bakal kedhadehan.
Cupumanik Astagina minangko pustaka kadewetan sing
miturut pranatan dewata ora oleh didhelok utawa didhuweni dening manungso
lumrah. Larangan kuwi di anakke amarga Cupumanik Astagina nduweni kasiat kasekten
sik ngedhap- ngedhapi, ugo sing njerone ndhuweni rahasia kauripan alam nyata
lan alam kasuwargan. Kanggo mbukak Cupumanik Astagina, liwat mangkoke awake
dewe iso ndelok kanthi nyata lan jelas gambaran suwarga loka sing sarwa polos,
suri lan penuh kanikmatan. Kamangka saka tutupe iso dhidhelok kanthi jelas,
kabeh kauripan umat sing ana ing jagad raya iki. Kamangka khasiat kasekten sing
dhiduweni Cupumanik Astagina iso menehi opo sing dijalok lan dikarepke sing
ndhuweni.
Nanging kadhereng rasa tresnane marang putrine wis
nglalekke pesene Bathara Surya. Dewi Windradi ngenehke Cupumanik Astagina
marang Dewi Anjani, karo wekas ora oleh dhuduhake barang kuwi mau arepe ro
bapakne utawa adine loro kuwi mau. Kesalahan sik dilakokne Dewi Anjani, liyo
dino wektu dheweke arep nyobo kesaktiane Cupumanik Astagina, adik-adike Guwarso
lan Guwarsi weroh, andhadekke ribut udhrek-udhrekan rebutan Cupumanik Astagina,
Dewi Anjani nangis banjur matur marang ibuke, sak untoro Guwarso lan Guwarsi
matur marang bapake, karo nesu nuduh bapakne, Resi Gutoma nglakoni ora adil lan
pilih kasih marang Anjani, sing nyimpang karo sifat-sifat Resi.
Tuduhanne keloro putrane menika, nggawe atine Resi Gotama
sedih lan prihaten, sebab dewekake ora tau nggawe kaya mangkono kuwi. Enggal-enggal
deweke mrentah jembawan, cantrike kanggo ngundang Dewi Anjani lan Dewi
Windradi. Amarga rasa wedhi lan ngormati marang bapakne, Dewi Anjani ngenehkake
Cupumanik Astagina marang bapakne. Anjani terus terang saka ngendhi dheweke
ndhuweni barang kadewatan menika. Dewi Windradi kaya diadepke uwoh simalakama.
Terus terang arep mbukak wadhine karo Bathara Surya, nik meneng pada wae karo
artine ora ngormati karo garwane. Sipat Dewi Windradi nggawe Resi Gotama murka
lan ngutuk dadhi patung watu, lan nganggo kesaktiane, diuncalke mabor, lan tibo
ing taman Argasoko negara Alengka dibarengi kutuk, nek mbusakake iso njelma
dadahi manungsa meneh sakwise diantemke ning sirahe raksesa.
Kangge keadilan, Resi Gotama nguncalake Cupumanik
Astagina ing langit. Sinten mawon sing angsal dadhos ingkang sik gadhah. Amarga
nafsu, Dewi Anjani lan Guwarsa Guwarsi kalian jembawane ngoyak barang kadewatan
iku. Nanging Cupumanik Astagina kaya gadah ndhuweni sayap, ngerti-ngerti sampun
tekan ing mbalik bukit.
Cupumanik Astagina meniku sigar dhadhos kalih bagian,
tibo wonten lemah lan dhadhos telaga, bagian Cupumanik Astagina tibo ing negara
Ayodya dhadhos telaga Nirmala, tutupipun dawah ing tengah wana dhadhos telaga
Sumala. Dewi Anjani, Guwarsa Guwarsi lan jembawan ingkang ngira Cupumanik
Astagina dhawah ing njero telaga, banjur nyedaki telaga lan mlumpat mlebu.
Ngerti-ngerti wonten musibah ingkang kedhadhehan, Guwarsa Guwarsi kalian
jembawane kabeh mentas saka telaga menika malik awujud dhadhos manungsa munyuk.
Weroh ana kera ing ngarepe Guwarsa nyerang munyuk kuwi soale ngadangi dhalan
mlakune. Tarung munyuk kalih saudara menika sing ingkang sampun dhadhos munyuk
menika seimbang, padha cakar-cakaran lan antem-anteman. Nanging jembawan nggumun ndhelok loro
munyuk kuwi mau gelot saka adhoh tingkah lakune lan pangucapane persis kalian
junjungane yaiku Guwarsa lan Guwarsi, jembawan nyedaki lan ngajak ngomong,
krasa dipanggil asamane, gelute Guwarsa kalian Guwarsi mandeg. Kabeh sadar
telu-telune sampun dadhos manungsa munyuk, lan Guwarsa Guwarsi, jembawan padha
sami rangkulan nangisi apa sing sampun kedhadhosan.
Dewi Anjani ngrasa mboten saged renang, banjur lungguh
pasrah ing pinggiran telaga, misuhi sikilipun, tangan kalian raup, nanging
musibah inggih kedhadhosan kalian Dewi Anjani, Anjani inggih dhadhos munyuk.
Kabeh sampun sadar wonten enten kutukan ampuh menika.
Sambi nangis kabeh padha nyesel, kabeh padha mutusake balik ing griyanipun
bapakne, Resi Gotama. Wonten pertapaane Resi Gotama sing waskita, nerima ketelu
putrane ingkang sampun awujud munyuk kanthi lapang dada. Sak seperlune menehi
nasehat, Resi Gotama dening anakakae, Resi Gotama mrentahkatelu putrane supaya
mertapa kanggo craa nebus dosane. Guwarsi kudu mertapa kaya lowo, lan ganti
jeneng dhadhos Subali. Guwarsa kudu mertapa kaya kijang, mangan
godhong-godhongan lan ganti jeneng dhadhos Sugriwa lan Dewi Anjani mertapa
tanpa busana, ngeclupake setengah awakake ing telaga Madirda sing toyane ngalir
ing kali Yamuna.
Sanghyang
Bayu lan Dewi Anjani nurunake Anoman (http://sudarjanto.multiply.com/journal/item/26347)
Sanghyang Bayu utawa Bathara Bayu uga diarani Hyang Pawana, putra kapapat Sanghyang Manikmaya lan Dewi Umayi. Bathara Bayu duweni kahyangan ing Panglawung.
Garwane jenenge Dewi Sumi, anak wadone Bathara Soma, lan apeputra cacah papat yaiku Bathara Sumarma, Bathara Sangkara, Bathara Sadarma lan Bathara Bismakara. Tedhak turune Prabu Drupada Ratu Pancala lan Resi Drona uga turunane Sanghyang Bayu.
Sanghyang Bayu utawa Bathara Bayu uga diarani Hyang Pawana, putra kapapat Sanghyang Manikmaya lan Dewi Umayi. Bathara Bayu duweni kahyangan ing Panglawung.
Garwane jenenge Dewi Sumi, anak wadone Bathara Soma, lan apeputra cacah papat yaiku Bathara Sumarma, Bathara Sangkara, Bathara Sadarma lan Bathara Bismakara. Tedhak turune Prabu Drupada Ratu Pancala lan Resi Drona uga turunane Sanghyang Bayu.
Saliyane putra cacah papat iku, Sanghyang
Bayu uga apeputra saka Dewi Anjani yaiku putra kang awujud wanara seta jenenge
Maruti utawa Anoman utawa Senggana. Ing pungkasaning crita wayang kang dibabar
sewengi muput, nurut pakem pedhalangan kudu dipungkasi kanthi wayang bayu, kang
dibabar minangka tandha panutup saka sawijining pagelaran lan dijenengi
tayungan utawa dijogedake minangka simbuling kamenangan.
Kang duweni hak tayungan iku amung ana limang
iji wayang minangka wakile Sanghyang Bayu, yaiku Anoman kang kondhang ing jaman
Ramayana; Bima utawa Werkudara, golongan satriya nalika; Jajawreka, golongan
raseksa kang arupa gandarwa lan jroning Purwacarita diarani ditya Pulasiha,
yaiku Setubanda, golongan kewan awujud gajah; sarta Maenaka, golongan tetuwuhan
arupa gunung